Al Fiyah Ibnu Malik

  1. Syeikh Imam Abu Abdullah Jamaluddin Muhammad Ibnu Abdullah Ibnu Malik dawuh " Ingsun muji dumateng Allah Pengeran ingsun dzat luwih bagus baguse kang ngratoni.
  2. sarto nyuwunake tambahe Rohmat ta'dhim mugo katur dumateng kanjeng Nabi Muhammad kang pinilih, lan ingatase keluargane kanjeng Nabi ingkang sami nyampurnaaken dateng kamulyan.
  3. lan ingsun nyuwun pitulung dumateng Gusti Allah ingdalem ngangget (ngarang) kitab Al Fiyyah puniko, inggih puniko kumpulanipun pinten-pinten sinejane Ilmu Nahwu ingkang agung.
  4. Kitab Al Fiyyah puniko saget nggampangaken dateng pinten-pinten ma'na/lafadz ingkang angel kanti lafadz ingkang ringkes, soho saget mbeber peparing kanti janji ingkang dipun lestareaken.
  5. Lan Kitab Al Fiyyah nuprih karidhon saking tiyang ingkang mahos kanti tanpo bendu, soho kitab puniko ngungkuli Al Fiyyahipun Ibnu Mu'thi.
  6. Ibni Mu'thi puniko ingkang ngehaqi pengalem bagus ingsun lan ingkang merkoleh kautaman sebab olehe ndingini ingdalem anggene nganggit kitab.
  7. lan mugi-mugi Gusti Allah ngukumi dumateng ingsun (Ibnu Malik) lan dumateng panjenengane Ibnu Mu'thi kanti peparing ingkang sampurno ingdalem pinten-pinten derajat Akhirot.
Al Kalamu wa Ma Yataallafu Minhu

Komentar